Sunday, October 14, 2012

Pidato Basa Jawa

sugeng enjing,
Ibu Eko ingkang kula hormati,
Para rencang-rencang ingkang kula tresnani


Minangka purwakaning atur, mangga kita sedaya aturaken puja-puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuasa. Dene kita sedaya sampun pinaringan kanugrahan kesehatan jasmani lan rokhani, saengga kita saged kempal dateng mriki, kagem mirengaken sesorah saking rencang kelas 9b

Ing ngriki kula badhe ngaturaken bab ‘pentinge maos buku’. Amargi saking maos buku kita saged nggladhi ilmu lan kapintuk pengetahuan ingkang kathah.
Buku nopo wae saged kita waos, nanging kudu atur manfaat marang awakdewe. Kayata novel, roman, Koran lan majalah kang atur manfaat. Maos buku ora mung bisa nglatih basa kang awakdewe duweni nanging bisa garai awakdewe marem.
Ibu Ambar lan rencang-rencang sedaya
Tiyang ingkang sregep maos buku, kedahipun saged atur manfaat marang tiyang sanes. Amargi dheweke nduweni akeh ilmu kang bisa dibagekake.

Mekaten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten kelepatan lan kekurangan anggen kula matur, kula nyuwun ngapura

0 comments:

Post a Comment